Poro sederek, jamaah Pengajian rahimakumullah..
Monggo sareng-sareng kito tingkataken angen kito taqwa
dumateng Gusti Allah, kanti toat nglampahi perintah-perintahipun lan nebihi
sedoyo awisanipun Allah.
Salah setunggaling bentuk taqwa kito marang Gusti
Allah inggih puniko numindaki amanah, jogo amanah lan nglampahi tugas utawi
kewajiban ingkang sampun dipun amanataken marang kito. Ampun ngantos kito ajrih
utawi khawatir kalihan rizkinipun gusti Allah sahinggo kito nyia-nyiaaken
amanah. Rizki puniko sampun dipun bagi dening Gusti Allah lan sampun wonten
ukuranipun piyambak-piyambak. Allah ngendiko wonten Alquran:
وَمَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا . وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ
لَا يَحْتَسِبُ ، وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللهِ فَهُوَ حَسْبُهُ ، إِنَّ اللهَ
بَالِغُ أَمْرِهِ قَدْ جَعَلَ اللهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا (الطلاق: 2-3)
Artosipun kirang langkung: Sing sopo wonge taqwa
marang Allah mongko Allah bakal dadeake dalan kanggo deweke lan bakal awih
rizki saking dalan kang ura disongko-songko; sing sopo wonge tawakkal maring
Allah, mongko Allah kang arep nyukupi awak deweke; saktemene Allah iku nekaake
taqdire lan yekti Allah iku wis dadeake saben-saben perkoro ono ukurane
dewe-dewe.
Jamaah Pengajian ingkang minulyo
Amanah puniko artosipun perkawis ingkang sampun dados
tugas, kewajiban utawi tanggung jawab kito. Amanah kedah kito jadi lan kito
lampahi kanti sahe keranten benjang wonten akherat, amanah puniko bade dipun
tangletaken dening Gusti Allah.
Amanah saged awujud perkawis ingkang mawerni-werni:
Iman lan islam puniko termasuk amanah ingkang wajib kito jagi;
kewajiban-kewajiban agami, kadoso solat, poso lan zakat, ugi termasuk amanah
ingkang kedah kita lampahi. Garwo, anak lan kluargi ugi termasuk amanah ingkang
kedah bimbing lan kito didik maring perkawis ingkang sahe. Janji, mufakat,
keputusan lan akad-akadan ugi termasuk termasuk amanah ingkang kedah kito jagi
lan kito lampahi, ampun ngantos khianat utawi cidro maring janji ingkang sampun
dipun ucapaken.
Aturan-aturan ingkang sampun dipun tetapaken puniko
ugi termasuk amanah ingkang wajib kito taati; sami ugi aturan agami, aturan
pemerintah, aturan adat, organisasi lan lintu-lintunipun. Sedoyo aturan puniko
ampun ngantos kito langgar.
Tugas, wewenang, tanggung jawab lan jabatan ugi
termasuk amanah. Sedoyo pendamelan ingkang sampun dados tugas utawi tanggung
jawab kedah kito lampahi kanti sahe, ampun ngantos males utawi sak penake dewe.
Keranten sedanten puniko wonten pertanggung jawabipun, sami ugi wonten dunyo
punopo akherat.
Poro rawuh,
Tiyang gesang puniko mesti gadahi amanah utawi
tanggung jawab, minimal kalihan awakipun piyambak. Awak, pikiran lan manah kito
sedoyo puniko minongko nikmat saking Gusti Allah sekaligus titipan ingkang
kedah dipun jagi, ampun ngantos dipun arahaken marang kemaksiatan. Allah sampun
ngendiko wonten Alquran:
إِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ أُولَئِكَ كَانَ عَنْهُ
مَسْئُوْلًا (الإسراء : 36)
Saktemene pengrungon, peningal lan ati, iku kabeh ono
pertanggung-jawabane..
Kanjeng Nabi ugi sampun ngendiko:
كُلُّكُمْ رَاعٍ ، وَكُلُّكُمْ مَسْئُوْلٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ (متفق عليه)
Siro kabeh iku pemimpin lan bakal dijaluki
pertanggung-jawabane..
Poro rawuh sedoyo,
Termasuk perkawis ingkang kedah dipun perhatosaken
inggih puniko ngati-ngati naliko bade milih sinten ingkang dipun pasrahi
jalanake amanah. Sebab naliko amanah meniko dipun pasrahake marang tiyang
ingkang boten cocok, mongko bakal dadeake kerusakan. Kanjeng Nabi ngendiko:
« إِذَا ضُيِّعَتِ الأَمَانَةُ فَانْتَظِرِ السَّاعَةْ » . قَالَ :
كَيْفَ إِضَاعَتُهَا يَا رَسُولَ اللهِ ؟ قَالَ : « إِذَا أُسْنِدَ الأَمْرُ إِلَى
غَيْرِ أَهْلِهِ ، فَانْتَظِرِ السَّاعَةْ »
Naliko amanah wes di sia-siaake mongko entenono
kerusakane. Wonten setunggal tiyang ingkang nyuwun pirso: “Kados menopo
kesia-siane amanah puniko Ya Rasul?” Nabi ngendiko: “Naliko urusan dipasrahake
maring wong kang dudu ahline, mongko entenono kerusakane”...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar