Poro sederek,
jamaah Pengajian Rahimakullah..
Monggo sareng-sareng kito
tingkataken taqwa kito dumateng Gusti Allah, inggih puniko kanti nglampahi
perintah-perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun. Kanti taqwa puniko,
InsyAllah kito termasuk tiyang-tiyang ingkang mulyo.
Jamaah Pengajian ingkang
minulyo..
Wekdal-wekdal puniko, kito
ningali lan ngraosaken kejadian-kejadian ingkang menyedihkan, kathah musibah
ingkang ngenani negari kito. Musibah-musibah meniko arupi bencana alam ingkang
mawerni-werni, wonten ingkan arupi banjir, gempa bumi, tanah longsor, gunung
mletus lan sak panunggalanipun.
Kito sebagai tiyang ingkang
beriman mesti yakin bilih musibah-musibah meniko pancen saking kersanipun
pengeran. Musibah puniko boten namung gejala alam, ananging sampun dipun
taqdiraken lan dipun kersaaken dening gusti Allah. Allah sampun ngendiko wonten
Alquran:
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمْ :
مَا أَصَابَ مِنْ مُصِيبَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللهِ ، وَمَنْ يُؤْمِنْ بِاللهِ
يَهْدِ قَلْبَهُ ، وَاللهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ (التغابن: 11)
Ingkang
artosipun kirang langkung: Ora ngenani suwijining musibah kejobo kelawan ijine
Allah, lan kang sopo wonge iman marang Allah mongko Allah bakal paring pituduh
ing atine lan Allah iku moho ngerteni kabeh perkoro.
Jamaah Pengajian ingkang
minulyo..
Musibah ingkang ngenani
manungso puniko saged dipun bagi werni kalih (2): Setunggal, musibah ingkang
minongko ujian utawi cobaan tumrap tiyang mukmin. Tiyang gesang puniko boten
lepas saking ujian lan cobaan, sami ugi cobo ingkang ngenani awak, bondo,
pikiran, kesehatan lan sak panunggalanipun. Tumrape tiyang mukmin, cobaan
puniko kedah dipun lampahi kanti sabar, tabah, lan ampun ngantos gadahi
prasongko olo marang gusti Allah.
Kito tiyang mukmin mesti
mangertosi bilih cobaan puniko kathah manfaatipun, ing antawisipun inggih
puniko: saged nambahi kesahenan, saged nglebur doso lan saged dados peringatan
supados kito sadar lan kerso tobat marang gusti Allah.
Poro sederek ingkang minulyo..
Dene werni musibah ingkang
ongko kalih inggih meniko musibah ingkang minongko ukuman utawi azab saking
Gusti Allah. Musibah ingkang arupi azab puniko dipun timpaake dening gusti
Allah keranten manungso sampun kathah anggenipun maksiat, kathah nglampahi doso
lan boten purun nderek pituduhipun poro rasul.
Allah sampun nerangaken wonten
Alquran inggih puniko kisahipun poro umat sakderengipun kanjeng Nabi. Umat-umat
puniko sami mbangkang, boten purun miderek dawuh nabinipun, akhiripun dipun
ukum lan dipun binasaaken dening gusti Allah. Wonten ingkang dipun ukum kanti
udan watu, petir ingkang ngglegar, gempa bumi, badai lan wonten ugi ingkang
dipun keremaken kelawan banjir bandang. Kisah-kisah meniko saged dipun waos
wonten Alquran Surat al-Ankabut.
Poro sederek ingkang
kinurmatan..
Kito boten mangertos, musibah
ingkang ngenani negari kito meniko minongko cobo punopo azab saking gusti
Allah. Ananging kangge ngatos-atos monggo kito sami eling lan nglereni maksiat
ingkang tasih dipun lampahi. Monggo kito tansah nyuwun ngapuro lan tobat marang
gusti Allah supados bencana-bencana puniko saged leren. Monggo kito sami
istigfar marang gusti Allah kanti tulus lan ihlas tur yakin bilih Allah puniko
Dzat ingkang welas asih kalihan kawulanipun soho remen ngapuro doso-dosonipun
manungso. Allah sampun ngendikaaken bilih senajan bencana puniko dipun
sebabaken tumindak kito piyambak, ananging gusti Allah meniko moho paring
pangapuro:
وَمَا
أَصَابَكُمْ مِنْ مُصِيبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ أَيْدِيْكُمْ وَيَعْفُوْ عَنْ كَثِيْر
(الشورى: 30)
Artosipun kirang langkung: Musibah ingkang ngenani
siro kabeh iku mergo tumindake siro kabeh lan Allah puniko moho pangapuro..
Allah ugi sampun ngendiko bilih Allah boten bade
nyikso marang setunggaling kaum ingkang sami maos istigfar:
وَمَا كَانَ اللهُ لِيُعَذِّبَهُمْ
وَأَنْتَ فِيْهِمْ ، وَمَا كَانَ اللهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُوْن
(الأنفال: 33)
Artosipun kirang langkung: Allah ura arep nyikso
maring kaum yen siro Muhammad ono ing kaum iku mou, lan Allah ura arep nyikso
maring kaum yen kaum iku mou podo istigfar.
Dados umpami kito ngathah-ngathahaken istigfar,
InsyAllah kito boten bade dipun sikso dening pengeran. Kanjeng Nabi ugi sampun
ngendiko:
اَلْعَبْدُ آمِنٌ مِنْ عَذَابِ اللهِ عَزَّ وَجَلَّ مَا اسْتَغْفَرَ اللهَ
عَزَّ وَجَلّ (حديث حسن رواه أحمد)
Kawulo puniko aman saking azab Allah selagine deweke
nyuwun ngapuro/istigfar marang Allah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar