Kamis, 30 April 2020

(3) Ahlak-ahlak Rasulullah SAW

Poro sederek jamaah Pengajian Rahimakumullah..

Monggo sareng-sareng kito tingkataken taqwa kita dumateng Gusti Allah, inggih puniko kanti nglampahi perintah-perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun Gusti Allah. Kanti taqwa puniko, InsyaAllah, Allah bade dasosaken sahe amal-amal kito lan ngapuro doso-doso kito.

Jamaah Pengajian ingkang kulo hurmati..

Tasih gegandengan kalihan wulan Maulud, inggih meniko wulan ingkang sanget erat kaitanipun kalihan kanjeng Nabi. Monggo sekedik kito mangertosi ahlak lan tumindakanipun Kanjeng Nabi supados saged kito dadosaken tulodo wonten gesang kito sedoyo.

Sampun dipun terangaken wonten kitab Maulid al-Barjanji ingkang asring kito waos, inggih puniko kirang langkung mekaten:

وَكَانَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ شَدِيْدَ اْلحَيَاءِ وَالتَّوَاضُعِ يَخْصِفُ نَعْلَهُ وَيَرْقَعُ ثَوْبَهُ وَيَحْلُبُ شَاتَهُ وَيَسِيْرُ فِى خِدْمَةِ أَهْلِهِ بِسِيْرَةٍ سَرِيَّةْ .

Kanjeng Nabi puniko sanget ageng raos isinipun lan sanget tawadukipun. Kanjeng Nabi dandosi trompahipun piyambak, ugi dondomi bajunipun piyambak. Kanjeng Nabi merah mendonipun lan nyukupi kebutuhanipun keluargi kanti ahlak ingkang luhur.

وَيُحِبُّ اْلفُقَرَاءَ وَاْلمــَسَاكِيْنَ وَيَجْلِسُ مَعَهُمْ وَيَعُوْدُ مَرْضَاهُمْ وَيُشَيِّعُ جَنَائِزَهُمْ وَلَا يَحْقِرُ فَقِيْرًا أَدْقَعَهُ اْلفَقْرُ وَأَشْوَاهْ .

Kanjeng Nabi puniko remen kalihan tiyang fakir miskin, kerso lenggah sesarengan, nuweni tiyang-tiyang ingkang gerah lan dugeake jenazah. Kanjeng Nabi ugi boten nate ngino utawi nganggep rendah tiyang-tiyang fakir.

وَيَقْبَلُ اْلمــَعْذِرَةَ وَلَا يُقَابِلُ أَحَدًا بِمَا يَكْرَهُ وَيَمْشِى مَعَ اْلأَرْمَلَةِ وَذَوِى اْلعُبُوْدِيَّةْ .

Kanjeng Nabi ugi ageng pangapuranipun, boten remen ndamel mangkelipun tiyang sanes. Kanjeng Nabi kerso srawung kalihan sinten kemawon, ngantos poro janda lan poro budak.

وَلَا يَهَابُ اْلمــُلُوْكَ وَيَغْضَبُ للهِ تَعَالَى وَيَرْضَى لِرِضَاهْ .

Kanjeng Nabi puniko boten ajrih punopo segan kalihan poro rojo. Kanjeng Nabi duko kerono Allah lan ridlo ugi kerono Allah.

وَيَمْشِى خَلْفَ أَصْحَابِهِ وَيَقُوْلُ : خَلُّوْا ظَهْرِىْ لِلْمَلَائِكَةِ الرُّوْحَانِيَّةْ .

Saking Tawadukipun, Kanjeng Nabi kerso tindak wonten wingkingipun Shohabat lan ngendiko: “Kosongke mburiku kanggo poro malaikat..!”

وَيَرْكَبُ اْلبَعِيْرَ وَاْلفَرَسَ وَاْلبَغْلَةَ وَحِمَارًا بَعْضُ اْلمــُلُوْكِ إِلَيْهِ أَهْدَاهْ .

Kanjeng Nabi boten milih-milih kendaraan, panjenenganipun kerso nitih onto, jaran, bighol lan himar ingkang dipun hadiahaken saking setunggaling rojo.

وَيَعْصِبُ عَلَى بَطْنِهِ اْلحَجَرَ مِنَ اْلجُوْعِ وَقَدْ أُوْتِىَ مَفَاتِيْحَ اْلخَزَائِنِ اْلأَرْضِيَّةْ ، وَرَاوَدَتْهُ اْلجِبَالُ بِأَنْ تَكُوْنَ لَهُ ذَهَبًا فَأَبَاهْ .

Saking ngatos-ngatosipun, kanjeng Nabi ngantos ngiket watu wonten padaranipun jalaran songko luwe, padahal kanjeng Nabi meniko sampun dipun caosi kunci kekayaanipun bumi, ngantos-ngantos wonten gunung ingkang purun maleh/berubah dados emas kangge kanjeng Nabi, ananging piyambakipun boten kerso.

وَكَانَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يُقِلُّ اللَّغْوَ وَيَبْدَأُ مَنْ لَقِيَهُ بِالسَّلَامْ ، وَيُطِيْلُ الصَّلَاةَ وَيُقْصِرُ اْلخُطَبَ اْلجُمُعِيَّةْ .

Kanjeng Nabi puniko kedik anggenipun geguyon, lan panjenenganipun kerso ngawiti uluk salam marang tiyang ingkang kepanggeh. Kanjeng Nabi ugi asring ndawaake sholat lan nyendaake khutbah jum’at.

وَيَتَأَلَّفُ أَهْلَ الشَّرَفِ وَيُكْرِمُ أَهْلَ اْلفَضْلِ وَيَمْزَحُ وَلَا يَقُوْلُ إِلَّا حَقًّا يُحِبُّهُ اللهُ تَعَالَى وَيَرْضَاهْ

Kanjeng Nabi ugi grapyak kaliyan tiyang-tiyang ingkang mulyo lan mulyaake tiyang-tiyang ingkang utomo. Kanjeng Nabi ugi kerso jagong, ananging ingkang dipun ngendikaaken puniko mesti leres, pramilo kanjeng Nabi dipun remeni dan dipun ridloi dening Gusti Allah.

Jamaah Pengajian ingkang kulo hurmati,

Puniko sekedik keterangan babakan ahlak lan tumindakanipun Kanjeng Nabi, mugi-mugi saged kito tuladani lan kito ikuti sak kiatipun..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 MALAIKAT BERKELILING  MENCARI ORANG YANG DZIKIR  Mugi tansah sehat, lancar, berkah, panjang yuswo njih. Aamiin  Diriwayatkan dari Abu Hurai...