Poro sederek jamaah Pengajian Rahimakumullah..
Monggo sareng-sareng kito tingkataken taqwa kita
dumateng Gusti Allah, inggih puniko kanti nglampahi perintah-perintahipun lan
nebihi sedoyo awisanipun Gusti Allah. Kanti taqwa puniko, InsyaAllah, Allah
bade dasosaken sahe amal-amal kito lan ngapuro doso-doso kito.
Jamaah Pengajian ingkang kulo hurmati..
Tasih gegandengan kalihan wulan Maulud, inggih meniko
wulan ingkang sanget erat kaitanipun kalihan kanjeng Nabi. Monggo sekedik kito
mangertosi ahlak lan tumindakanipun Kanjeng Nabi supados saged kito dadosaken
tulodo wonten gesang kito sedoyo.
Sampun dipun terangaken wonten kitab Maulid
al-Barjanji ingkang asring kito waos, inggih puniko kirang langkung mekaten:
وَكَانَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ شَدِيْدَ اْلحَيَاءِ وَالتَّوَاضُعِ
يَخْصِفُ نَعْلَهُ وَيَرْقَعُ ثَوْبَهُ وَيَحْلُبُ شَاتَهُ وَيَسِيْرُ فِى خِدْمَةِ
أَهْلِهِ بِسِيْرَةٍ سَرِيَّةْ .
Kanjeng Nabi puniko sanget ageng raos isinipun lan
sanget tawadukipun. Kanjeng Nabi dandosi trompahipun piyambak, ugi dondomi
bajunipun piyambak. Kanjeng Nabi merah mendonipun lan nyukupi kebutuhanipun
keluargi kanti ahlak ingkang luhur.
وَيُحِبُّ اْلفُقَرَاءَ وَاْلمــَسَاكِيْنَ وَيَجْلِسُ مَعَهُمْ وَيَعُوْدُ
مَرْضَاهُمْ وَيُشَيِّعُ جَنَائِزَهُمْ وَلَا يَحْقِرُ فَقِيْرًا أَدْقَعَهُ اْلفَقْرُ
وَأَشْوَاهْ .
Kanjeng Nabi puniko remen kalihan tiyang fakir miskin,
kerso lenggah sesarengan, nuweni tiyang-tiyang ingkang gerah lan dugeake
jenazah. Kanjeng Nabi ugi boten nate ngino utawi nganggep rendah tiyang-tiyang
fakir.
وَيَقْبَلُ اْلمــَعْذِرَةَ وَلَا يُقَابِلُ أَحَدًا بِمَا يَكْرَهُ وَيَمْشِى
مَعَ اْلأَرْمَلَةِ وَذَوِى اْلعُبُوْدِيَّةْ .
Kanjeng Nabi ugi ageng pangapuranipun, boten remen
ndamel mangkelipun tiyang sanes. Kanjeng Nabi kerso srawung kalihan sinten
kemawon, ngantos poro janda lan poro budak.
وَلَا يَهَابُ اْلمــُلُوْكَ وَيَغْضَبُ للهِ تَعَالَى وَيَرْضَى لِرِضَاهْ
.
Kanjeng Nabi puniko boten ajrih punopo segan kalihan
poro rojo. Kanjeng Nabi duko kerono Allah lan ridlo ugi kerono Allah.
وَيَمْشِى خَلْفَ أَصْحَابِهِ وَيَقُوْلُ : خَلُّوْا ظَهْرِىْ لِلْمَلَائِكَةِ
الرُّوْحَانِيَّةْ .
Saking Tawadukipun, Kanjeng Nabi kerso tindak wonten
wingkingipun Shohabat lan ngendiko: “Kosongke mburiku kanggo poro malaikat..!”
وَيَرْكَبُ اْلبَعِيْرَ وَاْلفَرَسَ وَاْلبَغْلَةَ وَحِمَارًا بَعْضُ اْلمــُلُوْكِ
إِلَيْهِ أَهْدَاهْ .
Kanjeng Nabi boten milih-milih kendaraan,
panjenenganipun kerso nitih onto, jaran, bighol lan himar ingkang dipun hadiahaken
saking setunggaling rojo.
وَيَعْصِبُ عَلَى بَطْنِهِ اْلحَجَرَ مِنَ اْلجُوْعِ وَقَدْ أُوْتِىَ مَفَاتِيْحَ
اْلخَزَائِنِ اْلأَرْضِيَّةْ ، وَرَاوَدَتْهُ اْلجِبَالُ بِأَنْ تَكُوْنَ لَهُ ذَهَبًا
فَأَبَاهْ .
Saking
ngatos-ngatosipun, kanjeng Nabi ngantos ngiket watu wonten padaranipun jalaran
songko luwe, padahal kanjeng Nabi meniko sampun dipun caosi kunci kekayaanipun
bumi, ngantos-ngantos wonten gunung ingkang purun maleh/berubah dados emas
kangge kanjeng Nabi, ananging piyambakipun boten kerso.
وَكَانَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يُقِلُّ اللَّغْوَ وَيَبْدَأُ مَنْ
لَقِيَهُ بِالسَّلَامْ ، وَيُطِيْلُ الصَّلَاةَ وَيُقْصِرُ اْلخُطَبَ اْلجُمُعِيَّةْ
.
Kanjeng Nabi
puniko kedik anggenipun geguyon, lan panjenenganipun kerso ngawiti uluk salam
marang tiyang ingkang kepanggeh. Kanjeng Nabi ugi asring ndawaake sholat lan
nyendaake khutbah jum’at.
وَيَتَأَلَّفُ أَهْلَ الشَّرَفِ وَيُكْرِمُ أَهْلَ اْلفَضْلِ وَيَمْزَحُ وَلَا
يَقُوْلُ إِلَّا حَقًّا يُحِبُّهُ اللهُ تَعَالَى وَيَرْضَاهْ
Kanjeng Nabi ugi grapyak kaliyan tiyang-tiyang ingkang
mulyo lan mulyaake tiyang-tiyang ingkang utomo. Kanjeng Nabi ugi kerso jagong,
ananging ingkang dipun ngendikaaken puniko mesti leres, pramilo kanjeng Nabi
dipun remeni dan dipun ridloi dening Gusti Allah.
Jamaah Pengajian ingkang kulo hurmati,
Puniko sekedik keterangan babakan ahlak lan
tumindakanipun Kanjeng Nabi, mugi-mugi saged kito tuladani lan kito ikuti sak
kiatipun..