Kamis, 21 Mei 2020

Inone lan sirnone dunyo

Poro sederek, jamaah Pengajian Rahimakumullah

Monggo sareng-sareng kito tingkataken anggen kito taqwa dumateng Gusti Allah, inggih puniko kanti toat, patuh nglampahi perintah-perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun Gusti Allah.

Monggo kito sami emut bilih gesang wonten dunyo puniko namung sekedap, gesang ingkang boten langgeng lan cepet sirno. Sedoyo perkawis wonten dunyo puniko cepet sanget berubahipun. Ingkang asale enem cepet dados sepuh, ingkan asale sehat dados gerah, ingkang asale sugih dados miskin, ingkang asale pinter dados supe, ingkang asale gagah cepet berubah, ingkang asale gadahi jabatan cepet dipun gantos tiyang sanes, ingkang asale kiat cepet sayah, ingkang asale seger cepet layu, lan ingkang asale gesang cepet sedo.

Geh mekaten tiyang gesang wonten dunyo, boten saged langgeng lan boten saged dipun dadosaken cecekelan. Pramilo saking meniko, monggo kito ngatos-ngatos, kito ginaaken gesang meniko kanti sahe, kangge nambah kebecikan, kangge sangu benjang gesang wonten akherat.

Allah dawuh wonten Alquran:

اعْلَمُوْا أَنَّمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَلَهْوٌ وَزِينَةٌ وَتَفَاخُرٌ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِي الْأَمْوَالِ وَالْأَوْلَادِ (الحديد: 20)

Ingkang artosipun kirang langkung: Ngertio siro kabeh saktemene urip ono dunyo iku mung dolanan, geguyon, pepahes, unggul-unggulan antarane siro kabeh, akeh-akehan bondo lan keturunan.

Wonten ayat meniko Gusti Allah nerangaken bilih gesang wonten dunyo puniko isinipun gangsal (5) perkawis: Setunggal, gesang wonten dunyo puniko isinipun dolanan, sami ugi dolanan bondo, pangkat, kapinteran lan sak panunggalanipun.

Ingkang ongko kalih, gesang wonten dunyo puniko isinipun geguyonan, inggih puniko perkawis-perkawis ingkang nglaleake saking ibadah, nglaleake kewajiban-kewajiban agami ingkang kedah dipun lampahi.

Ingkang ongko tigo, isinipun dunyo puniko namung pepahes. Kathah tiyang ingkang pengin bagus awake, bagus sandangane, bagus griyone, bagus kendaraane lan sak panunggalanipun.

Ingkang ongko sekawan isinipun dunyo puniko namung unggul-unggulan, pengin terkenal, pengin dihurmati lan sak panunggalanipun.

Ingkang terakhir, gesang wonten dunyo puniko isinipun akeh-akehan bondo lan keturunan; berlomba-lomba pados bondo lan gadahi keluargi ingkang ageng ingkang gadahi pengaruh wonten masyarakat.

Poro sederek ingkang minulyo,

Allah nerangaken perkawis meniko minongko pepenget supados kito emut lan waspodo, ampun ngantos sibuk kalihan kesenengan dunyo sahinggo supe marang akherate. Allah ugi ngemutaken bilih kadunyan puniko namung kesenengan ingkang menipu amargi boten langgeng lan boten saged dadosaken tentremipun manah. Allah ngendiko:

وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا مَتَاعُ الْغُرُور

Lan ora ono urip ono dunyo iku kejobo kesenengan kang menipu.

Jamaah Pengajian, kangge ngadepi gesang wonten dunyo ingkang mekaten, Kanjeng Nabi sampun caos pitedah, inggih meniko dawuhipun:

كُنْ فِى الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيبٌ ، أَوْ عَابِرُ سَبِيل (رواه البخارى)

Onoho siro ing dunyo iku koyo wong asing utowo wong kang lelungan.

Tegesipun dunyo meniko ampun dipun dadosaken tujuan, ampun ngantos nganggep bilih gesang puniko namung wonten dunyo, ibarat tiyang ingkang lelungan, dunyo meniko namung panggenan kangge mampir, boten tujuanipun lelungan.

Poro sederek sedoyo, estunipun dunyo puniko boten saged dadosaken tentremipun manah, arang tiyang ingkang saged tentrem gesangipun amargi gadahi dunyo ingkang kathah, justru bondo kathah meniko malah dadosaken rupeking jiwo lan boten tentremipun manah.

Gesang ingkang selamet, tentrem, sami ugi wonten dunyo punopo akherat puniko namung saged dipun hasilaken saking iman ingkang leres, toat maring aturan agami lan kerso nglampahi amal kesahenan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 MALAIKAT BERKELILING  MENCARI ORANG YANG DZIKIR  Mugi tansah sehat, lancar, berkah, panjang yuswo njih. Aamiin  Diriwayatkan dari Abu Hurai...