Selasa, 30 Juni 2020
Sholat, Ngaji, dzikir seko Omah Wae.... Ingat Pandemi Covid 19 gaes
Kamis, 18 Juni 2020
Keutamaan maos Sholawat
Poro sederek, jamaah Pengajian Rahimakullah..
Monggo sareng-sareng kito ningkataken anggen kito
taqwa dumateng Gusti Allah, kanti toat nglampahi perintah-perintahipun lan
nebihi sedoyo awisanipun Allah. Kanti toat puniko, InsyAllah kito termasuk
tiyang ingkang beruntung.
Jamaah Pengajian ingkang minulyo..
Wekdal puniko kito tasih wonten ing wulan Rabiul Awwal
utawi wulan Maulud, setunggaling wulan ingkang mulyo, wulan ingkang gadahi
kakhususan tumrap kanjeng Rasul Muhammad Saw. Kanjeng Rasul dipun lahiraken
wonten wulan meniko, panjenenganipun dipun hijrahaken –ateges dumugi Madinah-
ugi wonten wulan meniko. Semanten ugi, Panjenenganipun dipun pundhut dening
Gusti Allah inggih wonten wulan maulud puniko.
Jamaah Jum’ah ingkang kulo hurmati..
Kanjeng Nabi sanget ageng jasanipun tumrap kito
sedoyo. Kito saged gadahi iman lan Islam inggih berkat jasanipun kanjeng Nabi.
Kito saged angsal pitedah, gesang ingkang berkah, selamet dunyo akherat ugi
berkat jasanipun Kanjeng Nabi. Pramilo saking meniko, kito kedah hurmat, takdzim
lan mulyaaken dumateng Kanjeng Nabi. Kito lampahi nasehat-nasehatipun lan kito
anut ahlak-ahlakipun.
Poro sederek ingkang kinurmatan..
Kanjeng Nabi puniko gadahi hak ingkang wajib kito
lampahi, salah setunggalipun inggih puniko sholawat. Sholawat puniko ibadah
ingkang ringan, ananging gadahi keutamaan ingkang ageng. Saking agengipun,
ngantos Gusti Allah lan Malaikat ugi bersholawat marang kanjeng Nabi. Allah
dawuh wonten Alquran:
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمْ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَآ أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا (الأحزاب: 56)
Artosipun kirang langkung: Saktemene Allah lan poro
malaikate podo sholawat marang Nabi, he.. wong-wong kang podo iman, podo sholawato
siro kabeh marang Nabi lan podo uluk salamo kanti uluk salam kang temenan.
Sholawatipun Gusti Allah wonten mriki tegesipun paring
rohmat soho berkah marang kanjeng Nabi. Sholawatipun Malaikat meniko tegesipun
dungaaken lan nyuwunaken rohmat kangge kanjeng Nabi. Anapun sholawatipun kito
meniko artosipun nyuwun tambahing rohmat dumateng Gusti Allah kangge kanjeng
Nabi sahinggo saged lumeber marang kito sedoyo.
Hadirin ingkang minulyo..
Maos sholawat puniko dipun sunahaken wonten wekdal lan
panggenan punopo kemawon, langkung-langkung wonten ing tigang (3) wekdal:
Setunggal, naliko dinten Jum’at kados wekdal puniko; kalih, naliko nembe dungo
marang Gusti Allah, tepatipun wonten awal lan akhir pandonga; tigo, inggih
meniko naliko dipun sebat asmanipun kanjeng Nabi Saw.
Anapun fadhilahe maos sholawat puniko kathah sanget,
ing antawisipun inggih meniko ngendikanipun Kanjeng Nabi:
مَنْ صَلَّى عَلَىَّ صَلاَةً صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ بِهَا عَشْرًا (رواه
مسلم)
Kang sopo wonge moco sholawat marang ingsun sak
sholawatan, mongko Allah paring sholawat/rohmat kanggo wong mou tikel sepuluh
(10).
Kanjeng Nabi ugi nate ngendiko:
أَوْلَى
النَّاسِ بِى يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَكْثَرُهُمْ عَلَىَّ صَلاَةً (رواه الترمذى)
Wong kang paling utomo mungguh ingsun ing dino kiamat
yoiku wong kang paling akeh moco sholawate marang ingsun. (H.R. Tirmidzi)
Tegesipun, tiyang ingkang paling berkesempatan angsal
syafaatipun Kanjeng Nabi wonten dino kiamat inggih puniko tiyang ingkang
ngathah-ngathahake maos sholawat.
Kejawi saking meniko, wonten keterangan bilih sholawat
ugi saged dipun dadosake pandonga. Tegesipun naliko kito gadahi panyuwunan
dumateng Gusti Allah, mongko cekap kito lafalaken kanti sholawat. Keterangan
puniko miturut Hadis ingkang dipun riwayatake dening Imam Tobroni bilih wonten
setunggalipun tiyang ingkang nyuwun pirso dumateng kanjeng Nabi: “Ya Rosul,
kepripun umpami sepertigo (1/3) dungo kulo, kulo isi kanti sholawat”? Kanjeng
Nabi jawab: “Iyo, sak kersamu”. Tiyang wou tanglet meleh: “Umpami rongpertelon
(2/3) dungo, kulo isi kanti sholawat”? Nabi jawab: “Iyo”. Tiyang wou teseh
tanglet meleh: “Umpami sedoyo kulo isi kanti sholawat”? Kanjeng Nabi nuli
ngendiko:
إِذَنْ يَكْفِيَكَ اللهُ مَا
هَمَّكَ مِنْ أَمْرِ دُنْيَاكَ وَآخِرَتِكَ
Ingkang artosipun: Yen koyo ngono, Allah bakal nyukupi
keperluanmu, yo urusan dunyomu lan akhiratmu.
Pramilo saking meniko, monggo, ampun ngantos kito
wegah utawi males maos sholawat dumateng Kanjeng Nabi..
Kamis, 11 Juni 2020
Anjuran maos Alquran
Poro Sederek, jamaah Pengajian ingkang kulo hurmati..
Monggo sareng-sareng kito
ningkataken taqwa kito dumateng gusti Allah, inggih puniko kanti nglampahi
perintah-perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun.
Jamaah Pengajian ingkang dipun
rahmati Allah,
Monggo sami bersyukur,
keranten ngantos wekdal puniko kito tasih dipun anugrahi nikmat ingkang agung
saking gusti Allah, inggih puniko arupi nikmat iman lan Islam. Kanti nikmat
puniko lah, InsyaAllah kito saged selamet tuwin bahagia wonten dunyo punopo
akherat.
Jamaah Pengajian ingkang
minulyo..
Salah setunggaling nikmat
ingkang ageng ugi, ingkang dipun anugrahaken kangge kito sedoyo inggih puniko
kitab suci Alquran. Monggo kito mangertosi bilih Alquran puniko kitab ingkang
dipun berkahi, kitab ingkang dipun turunaken dening Gusti Allah supados dados
petunjuk, rahmat lan nasehat kangge kito sedoyo. Alquran ugi saged dados tombo
tumrape manungso, sami ugi tombo kangge gerah badan punopo gerah jiwo. Allah
sampun dawuh wonten Alquran:
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمْ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَتْكُمْ مَوْعِظَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ
وَشِفَاءٌ لِّمَا فِي الصُّدُورِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينْ (يونس: 57)
Ingkang artosipun kirang langkung:
He.. poro manungso, yekti wes nekani ing siro kabeh
mauidzoh/nasehat saking pengeran iro kabeh, lan tombo kanggo penyakit kang ono
ing dodo lan petunjuk soho rohmat kanggo wong-wong kang podo iman.
Lan ingkang dipun maksud wonten ing ayat puniko inggih
meniko Alquran.
Poro sederek ingkang kulo hurmati..
Salah setunggaling ibadah ingkang ageng ganjaranipun
lan kathah manfaatipun inggih meniko maos Alquran. Kanjeng Rasul nate dawuh:
اِقْرَءُوا الْقُرْآنَ
فَإِنَّهُ يَأْتِى يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيعًا لِأَصْحَابِهِ ... (رواه مسلم)
Ingkang artosipun kirang langkung: Podo mocoho siro
kabeh ing Alquran, jalaran Alquran iku iso dadi syafaat sesuk ing dino kiamat.
(H.R. Muslim)
Dados yen kito pengin dipun syafaati dening Alquran,
mongko Alquran mou kedah kito waos.
Wonten ugi keterangan bilih griyo ingkang boten nate
kangge maos Alquran puniko kados kuburan. Griyo meniko sepi, angker lan boten
aman saking setan. Perkawis puniko sesuai kalihan dawuhe kanjeng Rasul:
لاَ تَجْعَلُوْا بُيُوتَكُمْ
مَقَابِرْ ، إِنَّ الشَّيْطَانَ يَنْفِرُ مِنَ الْبَيْتِ الَّذِى تُقْرَأُ فِيهِ
سُورَةُ الْبَقَرَةْ (رواه مسلم)
Artosipun kirang langkung: Ojo dadekno omahe siro
kabeh koyo kuburan, saktemene setan iku mlayu soko omah kang diwacani Surat
Al-Baqarah. (H.R. Muslim)
Miturut hadis meniko, yen kito kepengin griyo kito
aman saking setan mongko kedah dingge maos Alquran, utaminipun Surat
Al-Baqarah.
Pramilo saking puniko, monggo ampun ngantos griyo kito
sepi saking waosan Alquran. Monggo kito milahi saking awak kito piyambak, nuli
kito ajak kluargi kito asring maos Alquran.
Kamis, 04 Juni 2020
Materi Syawal penuh hikmah
Bulan Ramadan tentu merupakan bulan yang ditunggu-tunggu, sebab pada tanggal 1 Syawal itulah umat Islam se-dunia merayakannya dengan istilah “Idul Fitri”. Yaitu Hari Raya dimana bagi yang berpuasa pada bulan Ramadan telah diperbolehkan kembali untuk makan, minum dan melakukan segala macam yang menjadi larangan selama berpuasa. Dalam bulan Syawal tersebut juga digunakan untuk ajang silaturrahim, berkumpul bersama keluarga, kerabat serta saudara. Dengan perasaan suka cita satu sama lain saling berbagi informasi dan pengalaman masing-masing dari mulai pengalaman pribadi yang menyangkut pekerjaan maupun kabar baik dari keluarga masing-masing. Selain itu, bulan Syawal yang secara tradisonal juga dijadikan momentum untuk reuni dengan sesama teman yang dulu pernah duduk di bangku sekolah, teman se-kantor atau teman se-perantauan.
Berdasarkan uraian di atas, lalu apa makna bulan Syawal bagi umat Islam, dan apa saja yang seharusnya dilakukan oleh umat Islam setelah selama bulan Ramadan menjalankan ibadah puasa? Bagi umat Islam yang telah menjalankan ibadah puasa tentu sangat berbahagia dengan harapan segala dosa yang dilakukan akan diampuni oleh Allah swt. sebagaimana sabda Nabi Muhammad saw dalam Hadits yang diriwayatkan oleh Bukhari dan Muslim, “ Barangsiapa yang menjalankan puasa di bulan Ramadlan dengan disertai iman dan mencari ridla Allah, maka akan diampuni segala dosa yang telah dilakukan”.
Untuk menjawab pertanyaan di atas, marilah kita kaji lebih dahulu tentang pengertian Syawal baik secara etimologis maupun terminologis agar bisa dipahami, bahwa setelah menjalankan ibadah puasa di bulan Ramadan, bagi umat Islam termotivasi untuk senantiasa meningkatkan amal ibadah dan menjalankan berbagai macam keutamaan (fadlilah) yang terdapat di bulan Syawal. Dan diharapkan pula umat Islam dapat lebih meningkatkan peranannya sebagai makhluk sosial yang menebarkan kasih sayang, kedamaian dan ibadah sosal lain sebagaimana terdapat dalam ibadah puasa.e
Pengertiand Makna Syawal
adalah bulan kesepuluh tahun Qamariyah yang jatuh setelah Ramadan dengan jumlah 30 atau 29 hari. Syawal berarti naik atau meningkat. Hal ini dikandung maksud, bahwa setelah umat Islam menjalankan ibadah puasa Ramadan selama sebulan, diharapkan ada peningkatan amal ibadah dan prestasi pada 11 bulan berikutnya. Ibnul ‘Allan asy Safii mengatakan, “Penamaan bulan Syawal itu diambil dari kalimat Syaalat ai-ibil yang artinya onta itu mengangkat atau menegakkan ekornya. Syawal dimaknai demikian, sebab dahulu orang-orang Arab menggantungkan alat-lat perang mereka, dikarenakan sudah mendekati bulan-bulan haram, yaitu bulan larangan untuk berperang”. (Dalilul Falihin li Syarh Riyadh al-Shalihin). Pemahaman makna Syawal yang demikian, sudah menjadi tradisi masyarakat Arab jika telah memasuki bulan Syawal, dan memasuki bulan-bulan haram ( Dzulqaidah, Dzulhijjah dan Muharram) mereka dengan kesadarannya melakukan genjatan senjata, tidak ada lagi permusuhan dan peperangan di antara suku, qabilah dan golongan manapun.
Terlepas dari pengertian yang berbeda sebagaimana tersebut di atas, bahwa tanggal 1 Syawal merupakan Hari Raya Idul Fitri bagi umat Islam setelah berpuasa sebulan penuh di bulan Ramadan. Pada tanggal 1 Syawal itu pula umat Islam berbondong-bondong keluar rumah untuk melaksanakan shalat Idul Fitri. Pada hari-hari berikutnya di bulan Syawal, umat Islam dianjurkan menyempurnakan puasa Ramadan dengan berpuasa Enam Hari di bulan Syawal. Dengan melaksanakan puasa enam hari tersebut, umat Islam yang menjalankannya akan memperoleh pahala setara dengan puasa satu tahun. Sebagaimana dari Abu Ayyub Al-Anshori, Rasulullah bersabda, “Barangsiapa yang berpuasa Ramadlan lalu berpuasa enam hari di bulan Syawal, maka dia seperti berpuasa setahun penuh”. (HR. Muslim). Dalam sanad Hadits lain yaitu dari Abdullah bin Umar, Rasulullah bersabda, “Barangsiapa yang berpuasa Ramadlan lalu berpuasa enam hari di bulan Syawal, maka dia akan dihapuskan dosanya sebagaimana dia dilahirkan oleh ibunya”.
Bulan syawal juga merupakan awal dimulainya bulan-bulan ibadah haji, karena sejak bulan inilah bagi umat Islam yang akan menunaikan ibadah haji sudah diperbolehkan berniat ihram. Umrah yang dilakukan di bulan ini juga bisa digabung dengan ibadah haji di bulan Dzulhijjah sehingga menjadi Haji Tamattu.
Berdasarkan uraian di atas, selain berpuasa Enam Hari di bulan Syawal masih banyak amal ibadah yang bisa dilakukan dalam upaya peningkatan kualitas maupun kuantitas ibadah dan amal salih, seperti memperbanyak zikir, membaca al-Qur’an dan bershalawat kepada nabi, memperbanyak sedekah dan kegiatan-kegiatan sosial lain yang bermanfaat. Jadi, bulan Syawal merupakan momentum untuk berubah ke arah yang lebih baik dan maju, dan bukan sebaliknya amal ibadah di bulan Syawal dan berikutnya masih tetap sama, atau semakin berkurang bahkan semakin menurun, karena sesungguhnya amal ibadah yang mengalami penurunan itu adalah bagi mereka yang merugi. Hal yang demikian mempertegas, bahwa setiap muslim yang berpuasa seyogyanya ada perubahan sikap yang lebih baik, baik yang menyangkut nilai spriritual maupun sosial, dan hal ini tidak hanya dilakukan pada saat menjalankan ibadah puasa, akan tetapi akan menjadi “pembiasaan” dan character building dalam kehidupan sehari-hari. Untuk mewujudkan nilai yang terkandung dalam ibadah puasa menjadi karakter yang baik memang tidak mudah, seorang muslim perlu memiliki tekad dan niat yang kuat seperti pada saat melafalkan niat untuk menjalankan ibadah puasa. Selanjutnya berusaha sekuat tenaga untuk senantiasa memperbaiki diri dengan perilaku-perilaku yang baik, penuh dengan kesabaran dan ketabahan dalam menjalankan aktivitas sehari-hari. Dispilin dalam bekerja, jujur dalam perkataan, sopan santun dan bertanggungjawab atas segala hal yang menjadi tugas dan kewajibannya, berbaik sangka kepada siapa pun, loyal dan dedikasi, dan komitmen pada tujuan yang akan dicapai, maka dengan perilaku seperti inilah seorang muslim akan mencapai kualitas kehidupan yang lebih baik.
Materi Penyuluhan
Muhammad Asrofi
Kecamatan Pundong Kab Bantul
MALAIKAT BERKELILING MENCARI ORANG YANG DZIKIR Mugi tansah sehat, lancar, berkah, panjang yuswo njih. Aamiin Diriwayatkan dari Abu Hurai...
-
Sholat 1 SEHAT SELALU NJIH DULUR KULO, AAMIIN Qs. Al-Munafiqun: 9 يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا تُلۡهِكُمۡ أَمۡوَٰلُكُمۡ وَلَآ أ...
-
Kisah Pengemis Menolak Sedekah ( Abul Qasim al Junaid wafat 910 M di Baghdad.) SEMOGA SELALU SEHAT BERKAH SEMUA KELUARGA NJIH Dalam kis...
-
Bulan Ramadan tentu merupakan bulan yang ditunggu-tunggu, sebab pada tanggal 1 Syawal itulah umat Islam se-dunia merayakannya dengan istil...
