Kamis, 18 Juni 2020

Keutamaan maos Sholawat

Poro sederek, jamaah Pengajian Rahimakullah..

Monggo sareng-sareng kito ningkataken anggen kito taqwa dumateng Gusti Allah, kanti toat nglampahi perintah-perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun Allah. Kanti toat puniko, InsyAllah kito termasuk tiyang ingkang beruntung.

Jamaah Pengajian ingkang minulyo..

Wekdal puniko kito tasih wonten ing wulan Rabiul Awwal utawi wulan Maulud, setunggaling wulan ingkang mulyo, wulan ingkang gadahi kakhususan tumrap kanjeng Rasul Muhammad Saw. Kanjeng Rasul dipun lahiraken wonten wulan meniko, panjenenganipun dipun hijrahaken –ateges dumugi Madinah- ugi wonten wulan meniko. Semanten ugi, Panjenenganipun dipun pundhut dening Gusti Allah inggih wonten wulan maulud puniko.  

Jamaah Jum’ah ingkang kulo hurmati..

Kanjeng Nabi sanget ageng jasanipun tumrap kito sedoyo. Kito saged gadahi iman lan Islam inggih berkat jasanipun kanjeng Nabi. Kito saged angsal pitedah, gesang ingkang berkah, selamet dunyo akherat ugi berkat jasanipun Kanjeng Nabi. Pramilo saking meniko, kito kedah hurmat, takdzim lan mulyaaken dumateng Kanjeng Nabi. Kito lampahi nasehat-nasehatipun lan kito anut ahlak-ahlakipun.

Poro sederek ingkang kinurmatan..

Kanjeng Nabi puniko gadahi hak ingkang wajib kito lampahi, salah setunggalipun inggih puniko sholawat. Sholawat puniko ibadah ingkang ringan, ananging gadahi keutamaan ingkang ageng. Saking agengipun, ngantos Gusti Allah lan Malaikat ugi bersholawat marang kanjeng Nabi. Allah dawuh wonten Alquran:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمْ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَآ أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا (الأحزاب: 56)

Artosipun kirang langkung: Saktemene Allah lan poro malaikate podo sholawat marang Nabi, he.. wong-wong kang podo iman, podo sholawato siro kabeh marang Nabi lan podo uluk salamo kanti uluk salam kang temenan.

Sholawatipun Gusti Allah wonten mriki tegesipun paring rohmat soho berkah marang kanjeng Nabi. Sholawatipun Malaikat meniko tegesipun dungaaken lan nyuwunaken rohmat kangge kanjeng Nabi. Anapun sholawatipun kito meniko artosipun nyuwun tambahing rohmat dumateng Gusti Allah kangge kanjeng Nabi sahinggo saged lumeber marang kito sedoyo.

Hadirin ingkang minulyo..

Maos sholawat puniko dipun sunahaken wonten wekdal lan panggenan punopo kemawon, langkung-langkung wonten ing tigang (3) wekdal: Setunggal, naliko dinten Jum’at kados wekdal puniko; kalih, naliko nembe dungo marang Gusti Allah, tepatipun wonten awal lan akhir pandonga; tigo, inggih meniko naliko dipun sebat asmanipun kanjeng Nabi Saw.

Anapun fadhilahe maos sholawat puniko kathah sanget, ing antawisipun inggih meniko ngendikanipun Kanjeng Nabi:

مَنْ صَلَّى عَلَىَّ صَلاَةً صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ بِهَا عَشْرًا (رواه مسلم)

Kang sopo wonge moco sholawat marang ingsun sak sholawatan, mongko Allah paring sholawat/rohmat kanggo wong mou tikel sepuluh (10).

Kanjeng Nabi ugi nate ngendiko:

أَوْلَى النَّاسِ بِى يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَكْثَرُهُمْ عَلَىَّ صَلاَةً (رواه الترمذى)

Wong kang paling utomo mungguh ingsun ing dino kiamat yoiku wong kang paling akeh moco sholawate marang ingsun. (H.R. Tirmidzi)

Tegesipun, tiyang ingkang paling berkesempatan angsal syafaatipun Kanjeng Nabi wonten dino kiamat inggih puniko tiyang ingkang ngathah-ngathahake maos sholawat.

Kejawi saking meniko, wonten keterangan bilih sholawat ugi saged dipun dadosake pandonga. Tegesipun naliko kito gadahi panyuwunan dumateng Gusti Allah, mongko cekap kito lafalaken kanti sholawat. Keterangan puniko miturut Hadis ingkang dipun riwayatake dening Imam Tobroni bilih wonten setunggalipun tiyang ingkang nyuwun pirso dumateng kanjeng Nabi: “Ya Rosul, kepripun umpami sepertigo (1/3) dungo kulo, kulo isi kanti sholawat”? Kanjeng Nabi jawab: “Iyo, sak kersamu”. Tiyang wou tanglet meleh: “Umpami rongpertelon (2/3) dungo, kulo isi kanti sholawat”? Nabi jawab: “Iyo”. Tiyang wou teseh tanglet meleh: “Umpami sedoyo kulo isi kanti sholawat”? Kanjeng Nabi nuli ngendiko:

إِذَنْ يَكْفِيَكَ اللهُ مَا هَمَّكَ مِنْ أَمْرِ دُنْيَاكَ وَآخِرَتِكَ

Ingkang artosipun: Yen koyo ngono, Allah bakal nyukupi keperluanmu, yo urusan dunyomu lan akhiratmu.

Pramilo saking meniko, monggo, ampun ngantos kito wegah utawi males maos sholawat dumateng Kanjeng Nabi..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 MALAIKAT BERKELILING  MENCARI ORANG YANG DZIKIR  Mugi tansah sehat, lancar, berkah, panjang yuswo njih. Aamiin  Diriwayatkan dari Abu Hurai...